Selasa, 21 September 2010

MANGSA RIYAYA IDUL FITRI

MANGSA RIYAYA IDUL FITRI
Mangsa libur dadi wektu kang mbungahake ati, kalebu mangsa riyaya idul fitri wingi. Aku dhewe ora melu ngrayaake amarga aku wong nasrani. nanging mangsa riyaya idul fitri wingi dadaeake bombonge atiku.
Mangsa riyaya idul fitri wingi akeh kedadian kang bisda nggawe atiku seneng, amarga aku bisa melu ngrasaake bungahe atine sedulur-sedulurku umat muslim. aku bisa dolan menyang omahe sedulurku umat muslim. pancen aku beda agama karo sedulurku, nanging ning sajroning riyaya idul fitri kuwi, aku bisa mbangun paseduluran kang becik.
Ing riyaya wingi kuwi, aku bisa nyambangi kanca, kerabat sarta sedulur umat muslim kang ana kutha Pati. kajaba kuwi aku uga bisa lelungan menyang manca kutha. salah sijine yaiku sowan ana daleme embah putri kang ana tlatah Sidoarjo ing sisih kidul Surabaya.
Ana kedadian kang lucu sing sempat tak alami, yaiku wektu mampir  ing pompa bensin, aku arep menyang kamar mandi, dumadakan aku kepleset banjur tiba ing ngisor, sahingga sikilku sing sisih kiwa dadi pincang sawetara wektu, syukur saiki wis mbalik dadi sehat meneh. Sakwise kedadian mau, rombongan keluargaku, yaitu bapaku, ibuku, mbakyuku, embah putri lan om sarta bulikku banjur nerusakae oleh tindak menyang Sidoarjo.
Nalika tekan ana ing papan tlatah Sidoarjo, aku dadi kaget amarga aku lagi ngerti, yen aku sakbenere duwe embah putri meneh yaitu mbakyune embah putri sing ana kutha Pati, sarta sedulur-sedulur liyane kang cacahe ana wong sepuluh.
Sakrampunge aku silaturahmi ana Sidoarjo, rombongan keluargaku mau banjur lelungan menyang tlatah wisata bahari Lamongan. Atiku seneng banget amarga ing sajroning tlatah wisata bahari Lamongan akeh rupa-rupa  sarana dolanan. nanging ora kabeh dolanan mau bisa tak lakoni amarga wektu sing mepet banget kudu mulih menyang Pati. Kira-kira wektu wis tabuh 3 sore, bapaku mutuske rombongan kudu mulih. Aku seneng banget.    ( By: Prames )






                                                             

Tidak ada komentar:

Posting Komentar